1 Kang iku sarehne kiat kaparingan prasetya-prasetya mau, para kekasih, mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging lan ing roh, lan kalawan mangkono kita nyampurnakake kasucen kita ing sajrone wedi-asih marang Gusti Allah.
2 Aku padha wenehana papan ana ing atimu; aku ora tau kaluputan karo wong, ora gawe pitunaning wong lan uga ora ngasil-asil marang wong.
3 Anggonku kandha mangkono iku ora marga saka arep matrapi paukuman marang kowe, awit mau wus dakkandhakake, manawa kowe wus oleh papan ana ing atiku, temahan kita bareng urip lan bareng mati.
4 Karo kowe iku aku blak-blakan banget, lan uga banget anggonku ngegung-egungake kowe. Sajrone aku padha nandhang susah, aku kebak panglipur, lan kaluberan kabungahan.
5 Nalika aku padha teka ing tanah Makedhonia, aku padha ora bisa tentrem. Malah ana ing ngendi-endi aku padha nemu kasusahan: ing jaba tarung lan ing jero was-sumelang.
6 Nanging Gusti Allah kang nglipur marang wong kang padha lembah atine iku wus nglipur aku kabeh marga saka tekane Titus.
7 Ora marga saka tekane bae, nanging uga marga saka panglipur kang dialami ana ing tengah-tengahmu. Awit dheweke wus nyritakake marang aku mungguhing kangenmu, panggresahmu, katemenanmu anggonmu mbelani aku, temahan saya wuwuh kabungahanku.