7 Ora marga saka tekane bae, nanging uga marga saka panglipur kang dialami ana ing tengah-tengahmu. Awit dheweke wus nyritakake marang aku mungguhing kangenmu, panggresahmu, katemenanmu anggonmu mbelani aku, temahan saya wuwuh kabungahanku.
8 Dadi sanadyan aku wus gawe sedhihmu marga saka layangku, nanging aku ora kaduwung. Pancen aku tau kaduwung, marga aku sumurup manawa layang iku nyedhihake atimu, sanadyan mung sawatara mangsa,
9 nanging saiki aku bungah, ora marga anggonmu wus sedhih, nanging marga kasedhihanmu iku njalari kowe mratobat: sabab anggonmu padha sedhih iku nyondhongi ing karsane Gusti Allah, temahan sathithik bae kowe ora dakrugekake.
10 Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.
11 Sabab padha gatekna: kasedhihan kang nyondongi karsaning Allah iku malah marakake kowe padha temen banget, malah nuwuhake panjawab, gela, wedi, kasregepan, pameleh! Ing bab iku kabeh kowe wus padha nelakake manawa ora kaluputan ing prakara iku.
12 Mulane, anggonku wus nulis layang marang kowe, iku ora marga saka ana wong kang luput, utawa marga saka ana wong kang nandhang susah, amarga kapanduk ing kaluputaning liyan mau, nanging supaya tetelaa tumrap kowe gumatimu marang aku ana ing ngarsane Gusti Allah.
13 Iya marga saka iku aku padha kalipur.Lan kajaba saka panglipur iku, aku padha saya bungah maneh amarga saka kabungahane Titus, sabab kowe kabeh wus padha ngayemake atine.