1 Sadulur-sadulur, aku padha aweh weruh marang kowe bab sih-rahmat kang kaparingake marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Makedhonia.
2 Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang awujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahane ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, ewasamono ngluberake kasugihaning kamurahane.
3 Sabab aku nyumurupi yen wong iku wus padha weweh manut kakuwatane, malah ngluwihi kakuwatane.
4 Sarta metu saka prentuling atine dhewe padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya dakolehake melu ing ayahan ngladeni marang para suci.