3 Sabab aku nyumurupi yen wong iku wus padha weweh manut kakuwatane, malah ngluwihi kakuwatane.
4 Sarta metu saka prentuling atine dhewe padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya dakolehake melu ing ayahan ngladeni marang para suci.
5 Dene kang padha dipasrahake iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosake awake dhewe marang Gusti Allah dhisik, sabanjure iya marang aku kabeh uga awit saka karsane Gusti Allah.
6 Awit saka iku aku ngatag marang Titus, supaya nekani kowe lan ngrampungake ayahan katresnan, kang biyen wus diwiwiti iku.
7 Mula saikine, padha kaya anggonmu wus sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabeh -- samono uga kowe iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.
8 Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.
9 Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.