2 Sabab aku wus sumurup mungguh legawaning atimu, mulane kowe padha dakalembana ana ing ngarepe wong Makedhonia. Tembungku: “Akhaya wus cecawis wiwit taun kang kapungkur.” Lan kasregepanmu wus dadi pangatag-atag tumrap wong akeh.
3 Nanging anggonku kongkonan sadulur-sadulur iku supaya pangalembanaku marang kowe aja nganti tinemu tanpa guna, nanging supaya tetelaa anggonmu nyata-nyata cecawis kaya kang wus dakkandhakake,
4 supaya, manawa wong-wong Makedhonia teka bareng karo aku, aja nganti nyumurupi anggonmu durung cecawis, satemah aku kabeh -- supaya ora ngarani kowe kabeh -- rumangsa padha kawirangan ing bab kayakinanku iku.
5 Mulane dakpikir prelu, yen sadulur-sadulur iku dakpurih mangkat dhisik, supaya bisa ngurus dhisik paweweh kang wus dadi kasaguhanmu biyen, temahan mengko wus cumawis minangka tandha-buktine kamurahaning atimu lan dudu paweweh peksan.
6 Iki gatekna: Wong kang nyebar sathithik, bakal ngeneni sathithik, lan wongkang nyebar akeh, bakal ngeneni akeh.
7 Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.
8 Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.