1 Wong Filisti perang nglawan wong Israel. Wong Israel padha keplayu ana ing ngarepe wong Filisti lan akeh kang mati ana ing pagunungan Gilboa.
2 Sang Prabu Saul lan para putrane padha kaoyak dening wong Filisti; Pangeran Yonatan, Abinadab lan Malkisua, para putrane Sang Prabu Saul, padha kasedanan.
3 Peperangan iku tumrap Sang Prabu Saul saya abot. Bareng wadya-bala panahan mrangguli panjenengane, panjenengane banjur ketaton.
4 Sang Prabu Saul nuli ngandika marang kang ngampil dedamele: “Pedhangmu unusen, aku suduken, supaya wong-wong kang ikutan kae ora mrene lan nganggo dolanan aku.” Nanging kang ngampil dedamel mopo, awit ora tegel, Sang Prabu Saul banjur mundhut pedhange, nuli dirungkebi.
5 Bareng kang ngampil dedamele sumurup, manawa Sang Prabu wus seda, iya banjur ngrungkebi pedhange, tumuli mati.
6 Dadine Sang Prabu Saul, putrane tetelu lan kulawargane kabeh padha nemahi seda.