1 Bareng Sang Prabu Dawud wus lestari anggone dedalem ing karatone, Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika ngenggeni karaton kajeng eres, mangka pethi prajanjianipun Pangeran Yehuwah kok wonten ing sangandhaping tendha.”
2 Unjuke Nabi Natan marang Sang Prabu Dawud: “Sumangga, panjenengan dalem kawula aturi nindakaken punapa ingkang wonten ing salebeting panggalih dalem, awit Gusti Allah nunggil kaliyan panjenengan dalem.”
3 Nanging ing bengi iku uga Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Natan mangkene:
4 “Mangkata, sira matura marang abdiningSun Dawud: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Dudu sira kang bakal ngedegake padaleman kagem Ingsun, kang bakal Sundalemi.
5 Ingsun ora tau manggen ing padaleman wiwit Ingsun ngirid metu wong Israel nganti saprene, nanging Ingsun ngumbara ana ing tarub-tarub, lan ing pasanggrahan-pasanggrahan.
6 Salawase Ingsun ngumbara kalawan wong Israel kabeh, apa Ingsun tau ngandika marang salah sawijining hakime Israel, kang Sundhawuhi ngengon umatingSun, mangkene: Yagene sira ora ngyasakake Ingsun padaleman kayu eres?
7 Awit saka iku sira matura mangkene marang abdiningSun Dawud: makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah: Ingsun kang nimbali sira saka ing ara-ara, nalika nggiring wedhus, supaya dadia ratuning umatingSun Israel.
8 Ingsun wus nunggil kalawan sira ana ing sakehe panggonan kang sira ambah lan wus nyirnakake sakehe mungsuhira saka ing ngarepira. Ingsun bakal damel jenengira kaya jenenge para wong agung kang ana ing bumi.
9 Ingsun bakal namtokake panggonan kanggo umatingSun Israel, bakal Suntanem, supaya bisa manggon ing papane dhewe lan ora dieget-egeti sarta ditindhes dening para wong ambek-siya kaya dhek biyen,
10 wiwit Ingsun ngangkat para hakim kanggo umatingSun Israel. Ingsun bakal nelukake sakehing mungsuhira. Ingsun uga paring sumurup marang sira: Pangeran Yehuwah bakal mbangun karajan kang turun-tumurun.
11 Samangsa umurira wus ganep lan banjur mangkat menyang ing panggonaning leluhurira, Ingsun bakal njumenengake turunira ing sapungkurira, yaiku salah sawijining anakira, iku karajane bakal Sunsantosakake.
12 Iku kang bakal ngyasakake padalemaningSun sarta Ingsun bakal nyantosakake dhampare kanggo ing salawase-lawase.
13 Ingsun bakal dadi Ramane, lan dheweke bakal dadi putraningSun. Apadene sih-susetyaningSun bakal ora Sunsingkirake saka ing dheweke, ora kaya anggoningSun wus nyingkirake iku saka wong kang wus ndhisiki sira.
14 Sabanjure Ingsun bakal nyantosakake dheweke ana ing padalemaningSun lan ana ing karajaningSun kanggo ing salawas-lawase, sarta dhampare bakal santosa ing salawas-lawase.”
15 Nabi Natan anggone munjuk marang Sang Prabu Dawud ngetrepi pangandika iku sarta iya ngetrepi wahyu iku.
16 Sang Prabu Dawud tumuli lumebet lan banjur ngadhep ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah kalawan munjuk: “Sinten ta kawula punika, dhuh Yehuwah Allah saha sinten brayat kawula punika, dene Paduka ngantos karsa ndadosaken kawula kados makaten punika?
17 Sarta bab punika taksih kirang wonten ing paningal Paduka; dhuh Allah; awit saking punika Paduka sampun ngandika ugi tumrap brayating abdi Paduka punika ing wekdal ingkang taksih dangu saha sampun paring sumerep dhateng kawula bab urut-urutaning tiyang ingkang badhe wonten, dhuh Yehuwah Allah.
18 Punapa malih ingkang saged kawewahaken dening Dawud dhumateng Paduka gegayutan kaliyan anggen Paduka paring kaluhuran dhumateng abdi Paduka punika? Punapa sanes Paduka ingkang nguningani kawontenanipun abdi Paduka punika?
19 Dhuh Yehuwah, margi saking abdi Paduka punika saha manut panggalih Paduka anggen Paduka sampun nindakaken pakaryan ingkang agung punika sadaya kalayan paring sumerep bab sakathahing prakawis ingkang ageng punika.
20 Dhuh Yehuwah, boten wonten ingkang nyameni Paduka, saha boten wonten Gusti Allah sanesipun kajawi Paduka, manut sadaya ingkang sami kawula pirengaken.
21 Punapa dene bangsa ing pundi ing bumi ingkang kados umat Paduka Israel, ingkang Gusti Allahipun tumandang ngluwari umat wau lajeng kadadosaken umatipun, supados asma Paduka dados misuwur margi saking pakaryan-pakaryan Paduka ingkang agung saha nggegirisi, saha margi saking anggen Paduka ngesahaken para bangsa saking ing sangajenging umat Paduka, ingkang sampun Paduka luwari saking ing tanah Mesir?
22 Umat Paduka Israel sampun Paduka dadosaken umat Paduka ing salami-laminipun, dene Paduka, dhuh Yehuwah, dados Gusti Allahipun.
23 Dene sapunika, dhuh Yehuwah, janji ingkang Paduka ngandikakaken tumrap abdi Paduka saha tumrap brayatipun punika, mugi Paduka lestantunaken saha mugi Paduka tindakaken kados ingkang Paduka prasetyakaken punika.
24 Manawi makaten asma Paduka badhe dados santosa lan agung ing salami-laminipun, satemah tiyang lajeng badhe ngucap: Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahe Israel iku jumeneng Gusti Allah kanggo wong Israel; brayatipun abdi Paduka lajeng badhe lestantun santosa wonten ing ngarsa Paduka.
25 Amargi Paduka, dhuh Allah kawula, sampun pratela dhumateng abdi Paduka punika, bilih Paduka badhe mbangun turunipun. Inggih punika sababipun, mila abdi Paduka punika lajeng kumawantun ngunjukaken pandonga punika wonten ing ngarsa Paduka.
26 Awit saking punika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah, ingkang sampun paring prajanji bab prakawis ingkang sae punika dhumateng abdi Paduka.
27 Paduka sapunika mugi karsaa paring berkah dhumateng brayat kawula punika, supados lestantun wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun. Amargi punapa ingkang Paduka berkahi, dhuh Yehuwah, badhe kaberkahan ing salami-laminipun.”