1 Pethining Allah banjur kagawa mlebu, kaprenahake ing satengahing tarub, kang wus kacawisake dening Sang Prabu Dawud; sawuse mangkono banjur padha nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan ana ing ngarsaning Allah.
2 Bareng Sang Prabu Dawud wus rampung anggone saos kurban obaran lan kurban kaslametan, banjur mberkahi bangsa iku demi asmaning Sang Yehuwah.
3 Nuli saben wong Israel, lanang utawa wadon, diparingi roti siji, daging sairis lan kuwih kismis saemplek.
4 Sang Prabu Dawud uga ngangkat wong Lewi sawatara kadadekake tukang leladi ana ing ngarepe pethining Sang Yehuwah, supaya nyuwurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngrepekake kidung panuwun sarta pepujian kegem Panjenengane.
5 Kang dadi tetindhihe yaiku Asaf, dene kang dadi wong kang kapindho Zakharya; banjur Yeiel, Semiramot, Yehiel, Matica, Eliab, Benaya, Obed-Edom lan Yeiel kang kawajiban ngunekake slukat lan clempung, dene Asaf kawajiban ngunekake kecer,
6 dene Imam Benaya lan Imam Yahaziel kawajiban tansah ngunekake kalasangka ana ing ngarepe pethi prajanjiane Allah mau.
7 Sawuse mangkono ing dina iku uga, Sang Prabu Dawud paring dhawuh kang kapisanan marang Asaf lan para sadulure sakulawangsa, supaya padha ngrepekna kidung pamuji sokur kagem Pangeran Yehuwah:
8 Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane,pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!
9 Padha ngrepekna kekidungan kagem Panjenengane,padha ngidungna masmur kagem Panjenengane,padha rembugana bab sakehing pakaryane kang elok!
10 Digedhe atimu ana ing asmane kang suci,cikben abungah-bungah wong kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah!
11 Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah lan kasantosane,padha tansah ngupayaa wedanane!
12 Padha elinga marang pakaryan-pakaryan elok kang ditindakake,pratandha-pratandhane kang elok lan putusan-putusan kang kapangandikakake,
13 he putra-wayahe Rama Israel, abdine,he putra-putrane Rama Yakub, para pilihane!
14 Panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,pangadilane iku nyrambahi ing salumahing bumi.
15 Panjenengane enget marang prajanjiane ing salawas-lawase,marang pangandika kang kadhawuhake marang sewu turunan,
16 marang prajanjian kang didamel karo Rama Abraham,lan supaose marang Rama Iskak,
17 kang didamel kagem Rama Yakub dadi katetepan,kagem Rama Israel dadi prajanjian kang langgeng,
18 pangandikane: “Tanah Kanaan bakal Sunparingake marang sira,minangka tanah-pusaka kang katemtokake kanggo sira!”
19 Nalika cacahe durung sapiraa,mung sathithik ana ing kana dadi wong neneka,
20 sarta nglembara saka ing panggonane bangsa kang siji menyang ing panggonane bangsa sijine,lan saka ing karajan kang siji menyang ing nagarane suku bangsa sijine,
21 Panjenengane ora marengake sapa bae nganiaya marang wong-wong mau;para raja padha diukum marga saka dheweke kabeh:
22 “Aja padha nggepok marang para jebadaningSun,lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”
23 Ngrepekna kekidungan kagem Pangeran Yehuwah, he salumahing bumi,martakna karahayon peparinge ing sadina-dina.
24 Nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsalan pakaryane kang elok ana ing antarane sakehing suku bangsa.
25 Amarga Pangeran Yehuwah iku agung lan banget pinuji-puji,lan luwih nggegirisi tinimbang sakehing allah.
26 Awit sakehe allahe para bangsa iku brahala,nanging Pangeran Yehuwah kang karya langit.
27 Kaluhuran lan kamulyan ana ing ngarsane,kasantosan lan kabingahan ana ing padalemane.
28 Marang Pangeran Yehuwah, he para suku bangsa,mung marang Pangeran Yehuwah bae anggonmu padha nyaosake kamulyan lan kasantosan.
29 Padha nyaosna kamulyaning asmane marang Pangeran Yehuwah,nggawaa pisungsung lan lumebua sowan marang ing ngarsane.Padha sujuda lan nyembaha marang Pangeran Yehuwah kalawan ngrasuk kasucen.
30 Gumetera ana ing ngarsane, he salumahing bumi;jagad iku pranyata jejeg, ora gonjing.
31 Langit kareben abungah-bungah lan bumi asurak-surak,wong kareben muwus ana ing antarane para bangsa: “Pangeran Yehuwah iku Ratu!”
32 Kareben gumuruh sagara saisine,kareben abungah-bungah ara-ara lan kabeh kang ana ing kono,
33 wit-witan ing alas banjur padha asurak-surakana ing ngarsaning Sang Yehuwah,sabab Panjenengane rawuh arsa ngadili bumi.
34 Padha ngunjukna pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah,awit Panjenengane iku sae!Sih-susetyane iku nyata langgeng ing salawase.
35 Sarta padha munjuka: “Kawula mugi sami Paduka luwari, dhuh Yehuwah Allah, juru-Wilujeng kawula sadaya,saha karsaa ngempalaken kawula sadayapunapa dene karsaa nguwalaken saking ing antawisipun para bangsa,supados kawula lajeng sami ngunjukaken panuwun dhumateng asma Paduka ingkang suci,saha supados ageng manah kawula ing salebeting panggunggung-nggugung dhumateng Paduka.”
36 Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,wiwit saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan.Wong saumat kabeh banjur padha ngucap: “Amin! Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah!”
37 Sang Prabu Dawud banjur nilar Asaf lan para sadulure sakulawangsa ana ing kono, yaiku ana ing ngarepe pethi prajanjianing Pangeran Yehuwah, supaya tetep leladi ana ing ngarepe pethi iku ing bab apa kang pantes katindakake saben dina;
38 uga Obed-Edom lan para sadulure tunggal kulawangsa, kang cacahe sawidak wolu; Obed-Edom bin Yedutun lan Hosa iku kang padha njaga gapura.
39 Nanging Imam Zadhok lan para sadulure tunggal kulawangsa, para imam, iku katilar ana ing ngarepe Tarube Suci Pangeran Yehuwah ana ing tengger pangurbanan ing Gibeon,
40 supaya esuk lan sore ajeg ngunjukake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah kurban obaran lan supaya nindakake sakehe kang katulis ana ing angger-angger Pangeran Yehuwah, kang kadhawuhake marang wong Israel.
41 Anadene kang dadi kanthine iku Heman lan Yedutun tuwin saluwihe wong-wong kang padha panilih kang kasebut jenenge supaya padha ngidungake: “Puji sokur kagem Pangeran Yehuwah, awitdene sih-susetyane iku langgeng ing salawase.”
42 Heman lan Yedutun mau padha kapasrahan kalasangka lan kecer kanggo para kang kawajiban ngunekake, lan uga piranti-piranti musik, kang kanggo ngiringi kekidungan kagem Gusti Allah. Anadene para anake Yedutun iku padha tunggu gapura.
43 Sawuse mangkono wong sabangsa kabeh banjur padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe, sarta Sang Prabu Dawud iya kondur arep paring slamet marang kulawargane.