1 Ing nalika gantining taun, ing wancine para ratu lumrahe padha andon perang, Sang Yoab nglurugake wadya-balane, banjur nyirnakake nagarane bani Amon; sawuse iku nuli ngepang kutha Raba, dene Sang Prabu Dawud piyambak kantun ana ing Yerusalem. Sang Yoab nggebag Raba nganti kalah, lan banjur kagempur.
2 Makuthane rajane nuli kapundhut dening Sang Prabu Dawud, iku bobote satalenta emas, sarta mawa sesotya siji kang larang regane; makutha iku banjur kaagem dening Sang Prabu Dawud. Sabanjure akeh banget jarahan kang diusungi saka ing kutha kono.
3 Kang manggon ing kutha iku padha diboyongi lan dietrapi pagawean peksan kalawan migunakake graji, bur wesi lan wadung. Kang mangkono iku uga katandukake marang sakehe kuthane bani Amon. Sawuse iku Sang Prabu Dawud tumuli kondur kadherekake ing sawadya-balane kabeh menyang ing Yerusalem.
4 Sawuse mangkono tuwuh peperangan nglawan wong Filisti ana ing Gezer; ing nalika iku Sibkhai, wong ing Husa, mateni Sipai, panunggalane wong turuning wong gedhe dhuwur ngedab-edabi, iku padha ditelukake.
5 Nuli ana peperangan maneh nglawan wong Filisti; nalika iku Elhanan bin Yair mateni Lakhmi, sadulure Goliat, wong Gat, lan landheyaning tumbake gedhene sangilinganing tukang tenun.
6 Banjur ana peperangan maneh ing Gat; ing kono ana wong kang gedhe dhuwur, tangan lan sikile drijine ngenem, dadi gunggunge patlikur; iki uga kagolong turuning wong gedhe-dhuwur ngedab-edabi.
7 Wong mau ngala-ala marang wong Israel, wasana banjur dipateni dening Sang Yonatan bin Simea, rakane Sang Prabu Dawud.
8 Wong iku padha kagolong turuning wong gedhe dhuwur ngedab-edabi ing Gat, sarta padha mati dening astane Sang Prabu Dawud lan dening tangane para abdine.