11 Bareng wong ing Yabesy-Gilead kabeh padha krungu apa kang katandukake dening wong Filisti marang Sang Prabu Saul,
12 kabeh wong kang gagah prakosa padha tata-tata lan banjur mangkat njupuk layone Sang Prabu Saul lan layone para putrane, digawa menyang Yabesy, balung-balunge padha kapetak ana ing sangisoring wit-witan gedhe ing Yabesy. Sawuse mangkono nuli padha pasa pitung dina.
13 Kaya mangkono sedane Sang Prabu Saul, jalaran saka anggone ora setya marang Pangeran Yehuwah, ora gondhelan marang pangandikane Sang Yehuwah lan marga saka anggone wus mundhut pitedah marang arwah,
14 lan ora nyuwun pitedahing Sang Yehuwah. Mulane banjur disedani dening Pangeran Yehuwah lan kalenggahaning ratu kaparingake marang Sang Dawud bin Isai.