2 Sang Prabu Saul lan para putrane padha kaoyak dening wong Filisti; Pangeran Yonatan, Abinadab lan Malkisua, para putrane Sang Prabu Saul, padha kasedanan.
3 Peperangan iku tumrap Sang Prabu Saul saya abot. Bareng wadya-bala panahan mrangguli panjenengane, panjenengane banjur ketaton.
4 Sang Prabu Saul nuli ngandika marang kang ngampil dedamele: “Pedhangmu unusen, aku suduken, supaya wong-wong kang ikutan kae ora mrene lan nganggo dolanan aku.” Nanging kang ngampil dedamel mopo, awit ora tegel, Sang Prabu Saul banjur mundhut pedhange, nuli dirungkebi.
5 Bareng kang ngampil dedamele sumurup, manawa Sang Prabu wus seda, iya banjur ngrungkebi pedhange, tumuli mati.
6 Dadine Sang Prabu Saul, putrane tetelu lan kulawargane kabeh padha nemahi seda.
7 Bareng sakehe wong Israel kang ana ing lebak padha sumurup, manawa wadya-balane wus padha keplayu sarta Prabu Saul dalah para putrane wus seda, wong-wong mau padha lolos saka ing kutha-kuthane lan padha lumayu uga; wong Filisti banjur padha teka lan manggon ana ing kono.
8 Esuke bareng wong Filisti padha teka mblejedi wong-wong kang mati, padha nyumurupi layone Sang Prabu Saul lan para putrane gumlimpang ana ing pagunungan Gilbea.