4 Sang Prabu Saul nuli ngandika marang kang ngampil dedamele: “Pedhangmu unusen, aku suduken, supaya wong-wong kang ikutan kae ora mrene lan nganggo dolanan aku.” Nanging kang ngampil dedamel mopo, awit ora tegel, Sang Prabu Saul banjur mundhut pedhange, nuli dirungkebi.
5 Bareng kang ngampil dedamele sumurup, manawa Sang Prabu wus seda, iya banjur ngrungkebi pedhange, tumuli mati.
6 Dadine Sang Prabu Saul, putrane tetelu lan kulawargane kabeh padha nemahi seda.
7 Bareng sakehe wong Israel kang ana ing lebak padha sumurup, manawa wadya-balane wus padha keplayu sarta Prabu Saul dalah para putrane wus seda, wong-wong mau padha lolos saka ing kutha-kuthane lan padha lumayu uga; wong Filisti banjur padha teka lan manggon ana ing kono.
8 Esuke bareng wong Filisti padha teka mblejedi wong-wong kang mati, padha nyumurupi layone Sang Prabu Saul lan para putrane gumlimpang ana ing pagunungan Gilbea.
9 Banjur padha diblejedi, mustakane Sang Prabu Saul dalah prabote perang kajupuk, kagawa mubeng-mubeng ana ing nagarane wong Filisti kanggo aweh pawarta marang brahala-brahalane lan marang rakyat.
10 Prabote perang Sang Prabu Saul tumuli kadekek ing omahing allahe, nanging mustakane dipaku ana ing omahe Dagon.