1 Kabeh wong Israel banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron lan matur: “Kauningana, kawula sadaya punika sami tunggil balung tunggil daging kaliyan panjenengan dalem.
2 Nalika Sang Prabu Saul ngasta paprentahan, sampun lami anggen paduka mimpin mobah-mosikipun tiyang Israel. Sarta Pangeran Yehuwah, Gusti Allah paduka, sampun ngandika dhateng paduka: Sira kang kudu ngengon umatingSun Israel, lan iya sira iku kang dadi ratuning umatingSun Israel.”
3 Sakahe para tetuwane Israel tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Nata ana ing Hebron, Sang Prabu Dawud banjur nganakake prajanjian karo wong-wong mau ana ing Hebron ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, Sang Prabu Dawud nuli jinebadan dadi ratu ing Israel, kayadene kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Samuel.
4 Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang Yerusalem, yaiku Yebus, kadherekake dening wong Israel kabeh; anadene kang padha manggon ana ing nagara kono iku wong Yebus.
5 Iku padha matur marang Sang Prabu Dawud: “Paduka boten badhe saged mlebet mriki.” Nanging Sang Prabu Dawud banjur ngrebat beteng ing Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.
6 Sang Prabu wus ngandika: “Sapa sing dhisik dhewe ngalahake wong Yebus, iku bakal dadi panggedhe lan pemimpin.” Kang banjur maju dhisik dhewe iku Yoab anake Zeruya, mulane nuli kaangkat dadi panggedhe.
7 Sang Prabu Dawud tumuli akadhaton ana ing beteng kono, mulane iku banjur katelah jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud.