1 Babad 11:16-22 JAV

16 Sang Prabu Dawud ing nalika samana pinuju ana ing beteng gunung, dene wadya-bala Filisti ing nalika iku ngejegi Betlehem.

17 Sang Prabu Dawud nuli katuwuhan pepenginan, pangandikane: “Ah, bok ya ana wong sing menehi ngombe aku banyu saka sumur ing Betlehem ing sacedhake gapura.”

18 Wong telu mau banjur nrobos ing patarubane wong Filisti, tumuli nimba banyu ing sumur Betlehem kang ana ing sacedhake gapura, nuli diangkat lan digawa marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud. Nanging Sang Prabu Dawud ora karsa ngunjuk, banyune kacaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban unjukan,

19 pangandikane: “Tumindak ingkang makaten punika, dhuh Allah, mugi tinebihna saking kawula. Punapa pantes kawula ngombe rahing toh-nyawanipun tiyang-tiyang punika? Amargi anggenipun sami mbekta toya punika kalayan ngetohaken nyawanipun.” Panjenengane ora karsa ngunjuk. Iku kang ditindakake dening gegedhug telu mau.

20 Sang Abisai, rayine Sang Yoab, iku kang dadi tetindhihing wong telung puluh iku. Lan iya panjenengane iku kang kalawan ngolahake tumbake bisa mateni mungsuh telung atus; mulane banjur dadi kondhang ana ing antarane wong telung puluh mau.

21 Ing antarane wong telung puluh iku, panjenengane kang kajen dhewe, la wong iya dadi tetindhihe, ewa samono ora bisa madhani gegedhug telu mau.

22 Nuli Sang Benaya bin Yoyadha, turune wong gagah prakosa, kang gedhe lelabuhane, kang asale saka Kabzeel. Iku bisa mateni gegedhug Moab loro. Panjenengane iya tau lumebu ing gampeng lan mateni ing nalika dina tekaning salju.