22 Nuli Sang Benaya bin Yoyadha, turune wong gagah prakosa, kang gedhe lelabuhane, kang asale saka Kabzeel. Iku bisa mateni gegedhug Moab loro. Panjenengane iya tau lumebu ing gampeng lan mateni ing nalika dina tekaning salju.
23 Kejaba iku iya tau mateni wong Mesir, kang dhuwure limang asta, mangka wong Mesir iku nyekel tumbak kang kaya giliganing tenunan, nanging wong mau banjur diparani kalawan nggawa teken, tumbake direbut saka ing tangane wong Mesir mau, kang banjur dipateni kalawan tumbake dhewe.
24 Iku kang ditindakake dening Sang Benaya bin Yoyadha. mulane dadi kondhang ana ing antarane gegedhug telung puluh mau.
25 Pancen ana ing antarane wong telung puluh mau, panjenengane kang kajen dhewe, nanging iya ora bisa madhani gegedhug telu kasebut ing ngarep. Sang Benaya iku kaangkat dening Sang Prabu Dawud dadi panggedhening prajurit pengawale Sang Nata.
26 Sabanjure para prawira kang gagah prakosa liyane yaiku Sang Asael, sadhereke Sang Yoab, nuli Sang Elhanan bin Dhodho saka Betlehem:
27 Sang Samot, wong Harod; Sang Heles, wong Peloni;
28 Sang Ira bin Ikesy, wong Tekoa; Sang Abiezer, wong Anatot;