25 Pancen ana ing antarane wong telung puluh mau, panjenengane kang kajen dhewe, nanging iya ora bisa madhani gegedhug telu kasebut ing ngarep. Sang Benaya iku kaangkat dening Sang Prabu Dawud dadi panggedhening prajurit pengawale Sang Nata.
26 Sabanjure para prawira kang gagah prakosa liyane yaiku Sang Asael, sadhereke Sang Yoab, nuli Sang Elhanan bin Dhodho saka Betlehem:
27 Sang Samot, wong Harod; Sang Heles, wong Peloni;
28 Sang Ira bin Ikesy, wong Tekoa; Sang Abiezer, wong Anatot;
29 Sang Sibkhai, wong Husa; Sang Ilai, wong Ahohi;
30 Sang Maharai, wong Netofa; Sang Heled bin Baaha, wong Netofa;
31 Sang Itai bin Ribai, saka ing Gibea, wong Benyamin; Sang Benaya, wong Piraton;