3 Sakahe para tetuwane Israel tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Nata ana ing Hebron, Sang Prabu Dawud banjur nganakake prajanjian karo wong-wong mau ana ing Hebron ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, Sang Prabu Dawud nuli jinebadan dadi ratu ing Israel, kayadene kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Samuel.
4 Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang Yerusalem, yaiku Yebus, kadherekake dening wong Israel kabeh; anadene kang padha manggon ana ing nagara kono iku wong Yebus.
5 Iku padha matur marang Sang Prabu Dawud: “Paduka boten badhe saged mlebet mriki.” Nanging Sang Prabu Dawud banjur ngrebat beteng ing Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.
6 Sang Prabu wus ngandika: “Sapa sing dhisik dhewe ngalahake wong Yebus, iku bakal dadi panggedhe lan pemimpin.” Kang banjur maju dhisik dhewe iku Yoab anake Zeruya, mulane nuli kaangkat dadi panggedhe.
7 Sang Prabu Dawud tumuli akadhaton ana ing beteng kono, mulane iku banjur katelah jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud.
8 Sang Prabu nuli nyantosani kutha mau ing saubenge, wiwit saka ing Milo, malah ing saubenge kabeh, dene saluwihe kutha iku dibangun maneh dening Sang Yoab.
9 Saya suwe pangwaose Sang Prabu Dawud saya gedhe, amarga Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah nganthi marang panjenengane.