6 Sang Prabu wus ngandika: “Sapa sing dhisik dhewe ngalahake wong Yebus, iku bakal dadi panggedhe lan pemimpin.” Kang banjur maju dhisik dhewe iku Yoab anake Zeruya, mulane nuli kaangkat dadi panggedhe.
7 Sang Prabu Dawud tumuli akadhaton ana ing beteng kono, mulane iku banjur katelah jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud.
8 Sang Prabu nuli nyantosani kutha mau ing saubenge, wiwit saka ing Milo, malah ing saubenge kabeh, dene saluwihe kutha iku dibangun maneh dening Sang Yoab.
9 Saya suwe pangwaose Sang Prabu Dawud saya gedhe, amarga Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah nganthi marang panjenengane.
10 Iki para panggedhe para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud, kang padha nyaosi pambiyantu akeh marang panjenengane, bebarengan karo wong Israel kabeh, ing bab anggone nggayuh kalenggahan ratu, kaya kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah tumrap Israel.
11 Iki daftare para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud: Sang Yasobam bin Hakhmoni, tetindhihe prawira telung puluh, iku kalawan ngolahake tumbake bisa nyirnakake mungsuh telung atus ing sajroning nempuh perang sapisan.
12 Nuli Sang Eleazar bin Dhodho wong Ahohi; iki klebu gegedhug kang telu cacahe.