11 Sang Atai, wong kang angka nenem; Sang Eliel, wong kapitu;
12 Sang Yohanan, wong kang kawolu; Sang Elzabad, wong kang kasanga.
13 Sang Yirmiya, wong kang angka sapuluh; Makhbani, wong kang kasewelas.
14 Iku padha panunggalane bani Gad, padha dadi tetindhihing wadya-bala; wong siji kang cilik dhewe keconggah nglawan wong satus, dene kang gedhe dhewe keconggah nandhingi wong sewu.
15 Iya wong-wong iku kang nyabrang ing bengawan Yarden ing sasi kapisan, sanadyan bengawan iku luber sarta iya wong-wong iku kang nglungakake sakehe wong kang padha manggon ing sisih wetan lan sisih kulon.
16 Bani Benyamin lan bani Yehuda ana saperangan kang sowan ing ngarsane Sang Dawud ana ing beteng mau,
17 Sang Dawud tumuli miyos methukake para wong mau. Pangandikane marang wong-wong mau mangkene: “Manawa anggonmu padha marani aku iki kanthi sedya kang becik, arep mbiyantu aku, aku bakal saeka-praya kalawan kowe kabeh, nanging manawa sedyamu arep padha ngulungake aku marang satruku kalawan paekan, mangka aku ora tumindak daksiya, muga Gusti Allahe leluhur kita nguningani bab iku lan maringana paukuman marang kowe kabeh.”