1 Babad 12:18-24 JAV

18 Ing kono Sang Roh banjur menuhi Sang Amasai, tetindhihe wong telung puluh mau, temah unjuke:Kawula punika sami kagem paduka, dhuh Sang Dawud,saha sami ndherek paduka, dhuh putranipun Sang Isai!Tentrem-rahayu, tentrem-rahayu wontena ing padukasaha tentrem rahayu wontena ing pambantu paduka,sabab ingkang mitulungi paduka punika Gusti Allah paduka!Wong-wong mau banjur padha didadekake tetindhihing wadya-bala dening Sang Prabu Dawud.

19 Saka panunggalane Manasye uga ana kang padha mbalik mbiyantu Sang Prabu Dawud, nalika panjenengane bebarengan karo wong Filisti merangi Sang Prabu Saul. Lugune panjenengane iku ora sida mitulungi wong Filisti, sabab para ratu ing kutha-kuthane wong Filisti iku sawuse mutus, banjur ngesahake panjenengane, awit rembage mangkene: “Saged ugi mangke mbalik dhateng Saul, gustinipun, kalayan ngulungaken sirah kita.”

20 Nalika tindak menyang ing Ziklag suku Manasye ana saperangan kang mbalik marang ing panjenengane, yaiku: Sang Adnah, Yozabad, Yediael, Mikhael, Yozabad, Elihu lan Sang Siletai, para tetindhihe wadya-bala sewu saka suku Manasye.

21 Iku padha mbiyantu Sang Dawud nglawan grombolan, amarga kabehe padha prawira lan gagah prakosa sarta dadi tetindhihing wadya-bala.

22 Ing saben dina ndalidir tekane wong kang padha sowan ing ngarsane Sang Dawud sumedya mbiyantu panjenengane, satemah banjur dadi wadya-bala gedhe, kaya wadya-balaning Allah.

23 Iki cacahe wadya-bala kang sikep gegamaning perang kang padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron, prelu ngunjukake kalenggahan ing ratu Sang Prabu Saul marang Sang Prabu Dawud, cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah.

24 Bani Yehuda kang sikep tameng lan tumbak nem ewu wolung atus, kang siyaga ing perang.