24 Bani Yehuda kang sikep tameng lan tumbak nem ewu wolung atus, kang siyaga ing perang.
25 Saka bani Simeon para prawira kang gagah prakosa sembada ing perang ana pitung ewu satus.
26 Saka bani Lewi ana patang ewu nem atus,
27 kawuwuhan Sang Yoyadha, pemimpining gotrah Harun lan bebarengan karo panjenengane ana telung ewu pitung atus,
28 sabanjure Sang Zadhok, sawijining prawira enom kang gagah prakosa, kalawan pemimpin ing kulawangsa rolikur.
29 Saka bani Benyamin, para sadhereke Sang Prabu Saul tunggal suku, ana telung ewu, nganti tumeka dhek samana wong-wong mau isih akeh kang tetep sumuyud marang kulawangsane Sang Prabu Saul.
30 Saka bani Efraim rong puluh ewu wolung atus, para prawira kang gagah prakosa wong kang kondhang ana ing antarane para kulawangsane.