9 Sang Ezer, tetindhihe, Sang Obaja, wong kang angka loro; Sang Eliab, wong kang katelu;
10 Sang Mismana, wong kang angka papat; Sang Yirmiya, wong kang kalima;
11 Sang Atai, wong kang angka nenem; Sang Eliel, wong kapitu;
12 Sang Yohanan, wong kang kawolu; Sang Elzabad, wong kang kasanga.
13 Sang Yirmiya, wong kang angka sapuluh; Makhbani, wong kang kasewelas.
14 Iku padha panunggalane bani Gad, padha dadi tetindhihing wadya-bala; wong siji kang cilik dhewe keconggah nglawan wong satus, dene kang gedhe dhewe keconggah nandhingi wong sewu.
15 Iya wong-wong iku kang nyabrang ing bengawan Yarden ing sasi kapisan, sanadyan bengawan iku luber sarta iya wong-wong iku kang nglungakake sakehe wong kang padha manggon ing sisih wetan lan sisih kulon.