1 Babad 13:2-8 JAV

2 Pangandikane Sang Prabu Dawud marang pasamuwan Israel kabeh mangkene: “Manawa sira padha nganggep prayoga lan manawa di parengake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, ayo padha nyebar kongkonan marang para sadulur kita kang isih padha manggon ing sawewengkone Israel kabeh, lan kejaba iku marang para imam lan para wong Lewi kang ana ing kutha-kutha, kang kaubengan ing tanah pangonane, supaya wong-wong iku padha nglumpuk mrene.

3 Sarta maneh ayo padha ngelih pethine Gusti Allah kita mrene, amarga dhek jamane Sang Prabu Saul aku ora padha mikir bab iku.”

4 Ing kono kabeh kang masamuwan padha munjuk, manawa bakal padha nindakake bab iku, awit usul iku kaangep becik dening wong sabangsa kabeh.

5 Sang Prabu Dawud banjur nimbali sakehe wong Israel wiwit kang ana ing kali Sikhor ing tanah Mesir nganti tekan kang ana ing sacedhake dalan menyang ing kutha Hamat, padha kadhawuhan mboyong pethining Allah saka ing Kiryat-Yearim.

6 Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baala, ing Kiryat-Yearim, kang klebu wilayah Yehuda, kadherekake dening wong Israel kabeh, arsa mboyong pethining Allah saka ing kana, kang disebut nganggo asmane Pangeran Yehuwah kang adhedhampar ing sandhuwure kerubim.

7 Pethine Gusti Allah katitihake ing kreta kang anyar saka ing omahe Abinadab, dene kang nglakokake kreta mau Uza lan Ahyo.

8 Sang Prabu Dawud lan wong Israel kabeh padha beksa ana ing ngarsaning Allah kanthi ngetog kakiyatan, kairing ing kekidungan, clempung, slukat trebang, kecer lan kalasangka.