5 Sang Prabu Dawud banjur nimbali sakehe wong Israel wiwit kang ana ing kali Sikhor ing tanah Mesir nganti tekan kang ana ing sacedhake dalan menyang ing kutha Hamat, padha kadhawuhan mboyong pethining Allah saka ing Kiryat-Yearim.
6 Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baala, ing Kiryat-Yearim, kang klebu wilayah Yehuda, kadherekake dening wong Israel kabeh, arsa mboyong pethining Allah saka ing kana, kang disebut nganggo asmane Pangeran Yehuwah kang adhedhampar ing sandhuwure kerubim.
7 Pethine Gusti Allah katitihake ing kreta kang anyar saka ing omahe Abinadab, dene kang nglakokake kreta mau Uza lan Ahyo.
8 Sang Prabu Dawud lan wong Israel kabeh padha beksa ana ing ngarsaning Allah kanthi ngetog kakiyatan, kairing ing kekidungan, clempung, slukat trebang, kecer lan kalasangka.
9 Bareng tekan ing panutone Kidon, Uza tumuli mulung tangane nyekel pethi mau, amarga sapi-sapine padha kejrungup.
10 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur duka banget marang Uza, Uza dipateni, marga tangane gumrageh marang pethi mau; dheweke mati ana ing ngarsaning Allah.
11 Sang Prabu Dawud ngungun, dene Pangeran Yehuwah nggebag Uza kanthi patrap kang nggegirisi iku; mulane panggonan kono banjur kaaranan Peres-Uza nganti saprene.