6 Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baala, ing Kiryat-Yearim, kang klebu wilayah Yehuda, kadherekake dening wong Israel kabeh, arsa mboyong pethining Allah saka ing kana, kang disebut nganggo asmane Pangeran Yehuwah kang adhedhampar ing sandhuwure kerubim.
7 Pethine Gusti Allah katitihake ing kreta kang anyar saka ing omahe Abinadab, dene kang nglakokake kreta mau Uza lan Ahyo.
8 Sang Prabu Dawud lan wong Israel kabeh padha beksa ana ing ngarsaning Allah kanthi ngetog kakiyatan, kairing ing kekidungan, clempung, slukat trebang, kecer lan kalasangka.
9 Bareng tekan ing panutone Kidon, Uza tumuli mulung tangane nyekel pethi mau, amarga sapi-sapine padha kejrungup.
10 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur duka banget marang Uza, Uza dipateni, marga tangane gumrageh marang pethi mau; dheweke mati ana ing ngarsaning Allah.
11 Sang Prabu Dawud ngungun, dene Pangeran Yehuwah nggebag Uza kanthi patrap kang nggegirisi iku; mulane panggonan kono banjur kaaranan Peres-Uza nganti saprene.
12 Nalika iku Sang Prabu Dawud nuli dadi ajrih marang Gusti Allah, banjur ngandika: “Kapriye anggoningsun bisa mboyong pethining Allah iku menyang ing padununganingsun.”