1 Sang Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, ngintunake utusan marang Sang Prabu Dawud kalawan nggawa kayu Eres, tukang-tukang batu lan tukang-tukang kayu arep yasa kadhaton kagem Sang Prabu.
2 Ing kono Sang Prabu Dawud mangertos, manawa Pangeran Yehuwah wus netepake anggone jumeneng ratu ing Israel, awit drajating paprentahane kaluhurake marga saka Israel umate.
3 Sang Prabu Dawud mundhut garwa maneh sawetara ana ing Yerusalem, lan banjur kagungan putra maneh kakung lan putri.
4 Iki asmane para putra kang miyos ana ing Yerusalem: Pangeran Syamua, Sobab, Natan, Suleman,
5 Yibkhar, Elisua, Elpelet,