12 Wong Filisti padha ninggal allah-allahe ana ing kono, lan awit saka dhawuhe Sang Prabu Dawud iku padha kaobongan nganti tapis dening wong Israel.
13 Nalika wong Filisti padha nempuh lembah iku maneh,
14 Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah, sarta Gusti Allah banjur paring wangsulan, pangandikane: “Sira aja nempuh saka ing burine, nanging sira ngubengana wong-wong iku, supaya kena sira tempuh saka ing wit-witan baka.
15 Lan manawa sira krungu swara kaya ana kang lumaku ing pucuking wit-wit baka mau, sira nuli metua majua perang, sabab Gusti Allah wus miyosi perang ana ing ngarepira lan bakal ngawonake wadya-balane wong Filisti.”
16 Sang Prabu Dawud tumuli nglampahi sadhawuhing Allah marang panjenengane, wadya-bala Filisti kagecak, wiwit saka ing Gibeon nganti tekan ing Gezer.
17 Asmane Sang Prabu Dawud banjur misuwur ana ing sakehing nagara, sarta Pangeran Yehuwah ndhatengake rasa giris marang panjenengane ana ing atine sakehe bangsa.