3 Sang Prabu Dawud mundhut garwa maneh sawetara ana ing Yerusalem, lan banjur kagungan putra maneh kakung lan putri.
4 Iki asmane para putra kang miyos ana ing Yerusalem: Pangeran Syamua, Sobab, Natan, Suleman,
5 Yibkhar, Elisua, Elpelet,
6 Nogah, Nefeg, Yafia,
7 Elisama, Beelyada lan Elifelet.
8 Bareng wong Filisti krungu, manawa Sang Prabu Dawud wus kajebadan dadi ratu ing saindenging Israel, wong Filisti kabeh banjur tumandang arep nyekel Sang Prabu Dawud. Nanging Sang Prabu Dawud mireng bab iku, tumuli tindak methukake.
9 Nalika wong Filisti padha teka lan nempuh lebak Refaim,