17 Para wong Lewi nuli akon ngadeg marang Heman bin Yoel, lan marang para sadulure sakulawangsane: Asaf bin Berekhya; saka bani Merari, para sadulure sakulawangsane; Etan bin Kusaya;
18 sarta bebarengan karo dheweke kabeh para sadulure pangkat loro: Zakharya, Yaaziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Benaya, Maaseya, Matica, Elifele, Mikneya, lan Obed-Edom sarta Yeiel, para jaga gapura.
19 Para juru ngidung yaiku Heman, Asaf lan Etan kadhawuhan ngunekake lagu nganggo kecer.
20 Zakharya, Aziel, Semiramot, Yehiel, Uni, Eliab, Maaseya, Benaya kadhawuhan ngunekake slukat mawa swara dhuwur,
21 dene Matica, Elifele, Mikneya, Obed-Edom, Yeiel lan Azazya kadhawuhan ngunekake clempung kang wolung tataran swara luwih endhek kanggo ngiringi kekidungan.
22 Kenanya tetindhihing wong Lewi, kawajiban usung-usung. Iku dadi kepalane pengangkutan, awit ngreti bab iku.
23 Berekhya lan Elkana iku dadi tukang jaga lawanging pethi;