6 saka bani Merari: Sang Asaya, sawijining panggedhe, lan para sadhereke sakulawangsa: wong rong atus rong puluh;
7 Saka bani Gersom: Sang Yoel, sawijining panggedhe, lan para sadhereke sakulawangsa: wong satus telung puluh;
8 Saka bani Elizafan: Sang Semaya, sawijining panggedhe, lan para sadhereke sakulawangsa: wong rong atus;
9 saka bani Hebron: Sang Eliel, sawijining pemimpin, lan para sadhereke sakulawangsa: wong wolung puluh;
10 saka bani Uziel: Sang Aminadab, sawijining pemimpin, lan para sadhereke sakulawangsa: wong satus rolas.
11 Sang Prabu Dawud banjur nimbali Imam Zadhok lan Imam Abyatar, sarta para wong Lewi, yaiku Sang Uriel, Sang Asaya, Yoel, Semaya, Eliel lan Sang Aminadab;
12 iku padha dipangandikani mangkene: “Heh, sira padha panggedhening kulawangsane wong Lewi, sira padha sesucia, iya sira kabeh dalah para sadulurira sakulawangsa, banjur padha mboyonga pethining Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, menyang panggonan kang wus suncawisake.