1 Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur nggecek wong Filisti, temah padha disorake; nuli ngrebat Gat lan wewengkone kabeh saka ing tangane wong Filisti.
2 Sang Prabu Dawud tumuli nggepuk wong Moab, temah wong Moab padha teluk lan padha caos bulu-bekti.
3 Sabanjure Sang Prabu Dawud ngawonake Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, ana ing sacedhake Hamat, nalika pinuju tindak arep ngiyatake pangwaose ing bengawan Efrat.
4 Sang Prabu Dawud ngrebat kretane sewu, prajurite jaranan pitung ewu lan wadya-bala dharat rong puluh ewu, Sang Prabu Dawud banjur dhawuh ngethoki otote sakehe jaran rakitan, kang dikarekake mung jaran rakitan satus.
5 Wong Aram ing Damaskus nuli padha teka mbiyantu Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, nanging wong Aram mau kasirnakake dening Sang Prabu Dawud rolikur ewu.