1 Babad 18:4-10 JAV

4 Sang Prabu Dawud ngrebat kretane sewu, prajurite jaranan pitung ewu lan wadya-bala dharat rong puluh ewu, Sang Prabu Dawud banjur dhawuh ngethoki otote sakehe jaran rakitan, kang dikarekake mung jaran rakitan satus.

5 Wong Aram ing Damaskus nuli padha teka mbiyantu Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, nanging wong Aram mau kasirnakake dening Sang Prabu Dawud rolikur ewu.

6 Sawuse iku Sang Prabu Dawud paring wadya-bala pendhudhukan ana ing wilayahe wong Aram ing Damaskus, sarta wong Aram padha dadi kawulane Sang Prabu Dawud, kang kudu asok bulubekti. Pangeran Yehuwah paring kaunggulan marang Sang Prabu Dawud, menyanga ngendi bae anggone andon perang.

7 Sang Prabu Dawud nuli dhawuh ngusungi tameng-tameng emas kang dianggo dening para abdine Sang Prabu Hadadezer, kagawa menyang ing Yerusalem.

8 Lan saka ing Tibkhat lan saka ing Kun, yaiku kutha-kuthane Sang Prabu Hadadezer, Sang Prabu Dawud mundhuti tembaga akeh banget, iku ing tembe kaagem dening Sang Prabu Suleman yasa “sagaran” tembaga saka-saka lan prabot tembaga.

9 Bareng Sang Prabu Tou, ratu ing Hamat, midhanget, manawa Sang Prabu Dawud wus ngawonake sakehe wadya-balane Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba,

10 banjur utusan Pangeran Hadoram, kang putra, sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud, kadhawuhan ngaturake salam lan ngaturake sugeng, dene Sang Prabu Dawud wus unggul ing perang nglawan Sang Prabu Hadadezer, awit Sang Prabu Hadadezer kerep merangi Sang Prabu Tou. Sarta Pangeran Hadoram mau iya ngasta barang mas, salaka lan tembaga warna-warna.