1 Babad 19:1-7 JAV

1 Sawuse iku Sang Prabu Nahas, ratuning bani Amon, seda, kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

2 Sang Prabu Dawud nuli ngandika: “Ingsun bakal ngatingalake anggoningsun memitran kalawan Sang Prabu Hanun bin Nahas, amarga kang ramane memitran kalawan ingsun.” Mulane Sang Prabu Dawud tumuli ngintunake utusan kadhawuhan ngaturake belasungkawa marang panjenengane, marga saka sedane kang ramane. Nanging bareng para abdine Sang Prabu Dawud tekan ing ngarsane bani Amon lan sowan ing ngarsane Sang Prabu Hanun prelu ngaturake bela-sungkawa marang panjenengane,

3 para panggedhene bani Amon padha munjuk marang Sang Prabu Hanun: “Punapa miturut panggalih dalem Sang Prabu Dawud badhe nyaosi pakurmatan dhateng rama dalem, anggenipun ngintunaken para utusan sowan ing ngarsane dalem prelu ngaturaken bela-sungkawa punika? Punapa boten kanthi sedya badhe niti-priksa, nelik saha lajeng badhe nyirnakaken nagari punika, anggenipun para punggawanipun sami sowan ing ngarsa dalem punika?”

4 Sang Prabu Hanun tumuli dhawuh nyekel para abdine Sang Prabu Dawud mau, kang banjur dicukur sarta sandhangane ing tengah dikethok nganti tekan ing cethik, sawuse mangkono banjur diculake.

5 Nalika iku padha mulih, ana kang munjuk marang Sang Prabu Dawud bab para utusan mau, Sang Prabu nuli utusan abdi nemoni, sabab wong-wong mau banget anggone padha digawe wirang. Pangandikane Sang Nata: “Sira padha manggona ing Yerikho nganti jenggotira thukul, banjur padha balia.”

6 Bareng bani Amon padha sumurup, manawa pada dadi jalarane disengiti dening Sang Prabu Dawud, Sang Prabu Hanun lan bani Amon banjur kintun talenta salaka sewu kanggo nyewa kreta lan prajurit marang Aram-Mesopotamia, Aram-Maakha lan marang Aram-Zoba.

7 Kang disewa kreta telung puluhloro ewu sarta ratu ing nagara Maakha sawadya-balane, kang banjur padha budhal lan makuwon ing sacedhake Medeba. Uga bani Amon padha nglumpuk saka ing kutha-kuthane lan bakal perang.