10 Bareng Sang Yoab mirsa, manawa bakal katempuh saka ing ngarep lan saka ing buri, banjur milih saperanganing wong pepilihan Israel, tumuli nata pabarisane adhep-adhepan karo wong Aram.
11 Kekarene wadya-bala kapasrahake marang pimpinaning Sang Abisai, rayine kang banjur nata pabarisane adhep-adhepan karo wong Amon.
12 Sang Yoab nuli ngandika: “Manawa wong Aram iku kakuwatane ngluwihi aku kowe nulungana aku, dene manawa bani Amon kakuwatane ngluwihi kowe, kowe bakal daktulungi.
13 Ditatag atimu lan ayo padha dikendel, iki kanggo bangsa kita lan kanggo kutha-kuthane Gusti Allah kita. Pangeran Yehuwah mugi karsaa nindhakake apa kang becik ana ing paningale.”
14 Sang Yoab sawadya-balane tumuli nempuh wong Aram, temah wong iku padha lumayu ana ing ngarepe.
15 Bareng bani Amon sumurup, manawa wong Aram wus padha lumayu, iya banjur padha lumayu uga ana ing ngarsane Sang Abisai, rayine Sang Yoab, lan padha lumebu ing kutha. Sawuse iku Sang Yoab nuli kondur menyang ing Yerusalem.
16 Bareng wong Aram sumurup, manawa wus padha disorake dening wong Israel, tumuli padha ngirimake utusan lan njaluk supaya wong Aram ing sabrange bengawan Efrat padha maju perang kapimpin dening Sang Sofakh, tetindhihe wadya-balane Sang Prabu Hadadezer.