1 Babad 19:12-18 JAV

12 Sang Yoab nuli ngandika: “Manawa wong Aram iku kakuwatane ngluwihi aku kowe nulungana aku, dene manawa bani Amon kakuwatane ngluwihi kowe, kowe bakal daktulungi.

13 Ditatag atimu lan ayo padha dikendel, iki kanggo bangsa kita lan kanggo kutha-kuthane Gusti Allah kita. Pangeran Yehuwah mugi karsaa nindhakake apa kang becik ana ing paningale.”

14 Sang Yoab sawadya-balane tumuli nempuh wong Aram, temah wong iku padha lumayu ana ing ngarepe.

15 Bareng bani Amon sumurup, manawa wong Aram wus padha lumayu, iya banjur padha lumayu uga ana ing ngarsane Sang Abisai, rayine Sang Yoab, lan padha lumebu ing kutha. Sawuse iku Sang Yoab nuli kondur menyang ing Yerusalem.

16 Bareng wong Aram sumurup, manawa wus padha disorake dening wong Israel, tumuli padha ngirimake utusan lan njaluk supaya wong Aram ing sabrange bengawan Efrat padha maju perang kapimpin dening Sang Sofakh, tetindhihe wadya-balane Sang Prabu Hadadezer.

17 Bareng bab iku kauningakake marang Sang Prabu Dawud, wong Israel kabeh nuli padha dikumpulake, banjur mangkat menyang ing sabranging bengawan Yarden lan bareng wus tekan ing panggonaning mungsuh, tumuli nata pabarisane sumedya nglawan mungsuh mau. Bareng Sang Prabu Dawud nata pabarisane adhep-adhepan karo wong Aram, wong Aram nuli padha nempuh panjenengane,

18 nanging wong Aram iku padha lumayu saka ing ngarepe wong Israel, lan saka wong aram mau kang kasirnakake dening Sang Prabu Dawud jaran rakitan ana pitung ewu lan wadya-bala dharat patang puluh ewu, uga Sang Sofakh, tetindhihing wadya-bala tumeka ing pati.