1 Babad 19:3-9 JAV

3 para panggedhene bani Amon padha munjuk marang Sang Prabu Hanun: “Punapa miturut panggalih dalem Sang Prabu Dawud badhe nyaosi pakurmatan dhateng rama dalem, anggenipun ngintunaken para utusan sowan ing ngarsane dalem prelu ngaturaken bela-sungkawa punika? Punapa boten kanthi sedya badhe niti-priksa, nelik saha lajeng badhe nyirnakaken nagari punika, anggenipun para punggawanipun sami sowan ing ngarsa dalem punika?”

4 Sang Prabu Hanun tumuli dhawuh nyekel para abdine Sang Prabu Dawud mau, kang banjur dicukur sarta sandhangane ing tengah dikethok nganti tekan ing cethik, sawuse mangkono banjur diculake.

5 Nalika iku padha mulih, ana kang munjuk marang Sang Prabu Dawud bab para utusan mau, Sang Prabu nuli utusan abdi nemoni, sabab wong-wong mau banget anggone padha digawe wirang. Pangandikane Sang Nata: “Sira padha manggona ing Yerikho nganti jenggotira thukul, banjur padha balia.”

6 Bareng bani Amon padha sumurup, manawa pada dadi jalarane disengiti dening Sang Prabu Dawud, Sang Prabu Hanun lan bani Amon banjur kintun talenta salaka sewu kanggo nyewa kreta lan prajurit marang Aram-Mesopotamia, Aram-Maakha lan marang Aram-Zoba.

7 Kang disewa kreta telung puluhloro ewu sarta ratu ing nagara Maakha sawadya-balane, kang banjur padha budhal lan makuwon ing sacedhake Medeba. Uga bani Amon padha nglumpuk saka ing kutha-kuthane lan bakal perang.

8 Bareng Sang Prabu Dawud midhanget bab iku, banjur dhawuh marang Sang Yoab supaya maju perang kalawan mbekta sakehing wadya-bala lan para prawira.

9 Bani amon tumuli padha ngetoni, anggone nata pabarisan ana ing sangarepe gapuraning kutha, dene para ratu kang padha rawuh, padha makuwon ana ing ara-ara.