14 Netaneel, kang angka papat, Radai kang angka lima.
15 Ozem, kang angka nem, tumuli Sang Prabu Dawud, putra kang angka pitu.
16 Anadene para sadhereke estri yaiku Zeruya lan Abigail. Para putrane Ibu Zeruya yaiku Abisai, Yoab lan Asael, dadi telu.
17 Ibu Abigail peputra Amasa, dene ramane Amasa iku Yeter, wong Ismael.
18 Rama kaleb bin Hezron peputra Yeriot, patutan karo Ibu Azuba, garwane; dene para putrane putri yaiku Yesyer, Sobab lan Ardon.
19 Bareng Ibu asuba wus seda, Rama kaleb krama oleh Ibu Efrat kang peputra Hur.
20 Rama Hur peputra Uri, lan Rama Uri peputra Bezaleel.