46 Ibu Efa, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Haran, Mosa lan Gazes; Rama Haran peputra Gazes.
47 Para putrane Rama Yohdai yaiku Regem, Yotam, Gesan, Pelet, Efa lan Saaf.
48 Ibu Maakha, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Seber lan Tirhana.
49 Ibu Maakha uga peputra Saaf, ramane Madmana lan Sewa, ramane Makhbena lan ramane Gibea. Putrane Rama Kaleb kang putri asma Akhsa.
50 Iku kabeh turune Rama Kaleb.Para putrane Rama Hur, putra pambajenge Ibu Efrata, yaiku Sobal, ramane Kiryat-Yearim,
51 Rama Salma, ramane Betlehem lan Haref, ramane Bet-Gader.
52 Turune Rama Sobal, ramane Kiryat-Yearim, yaiku Haroe lan saparone wong Menukhot.