20 Ornan lagi nutu gandum, bareng mengo weruh Malaekate mau; anake papat, kang melu dheweke, padha ndhelik.
21 Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing panggonane Ornan, Ornan ndengengek lan bareng weruh Sang Prabu Dawud, tumuli metu saka ing papan panutone sarta banjur sujud ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud, raine konjem ing bumi.
22 Sang Prabu Dawud ngandika marang Ornan: “Papan panuton iki caosna marang ingsun, arep sundegi misbyah kagem Pangeran Yehuwah. Prayogane caosna marang ingsun kalawan rega samesthine, supaya wewelak iki lereh anggone nempuh rakyat.”
23 Atur wangsulane Ornan marang Sang Prabu Dawud: “Sumangga kawula aturi mundhut, Gusti kawula Sang Prabu mugi karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih sae. Lah, kawula ngunjukaken lembu punika kagem kurban obaran, sarta keser panuton punika kagem kajeng bong, dene gandum punika kagem kurban dhaharan, sadaya punika kawula caosaken.”
24 Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Ornan: “Ora mangkono, iku arep sunpundhut kanthi rega samesthine, awit ingsun ora karsa mundhut darbekira kagem Pangeran Yehuwah lan ora karsa saos kurban obaran, kang ora kalawan mbayar apa-apa.”
25 Sang Prabu Dawud nuli maringi marang Ornan emas bobote nem atus sekel, minangka patukone panggonan iku.
26 Sang Prabu Dawud banjur yasa misbyah kagem Pangeran Yehuwah ana ing kono, tumuli caos kurban obaran lan kurban kaslametan sarta nyebut marang Sang Yehuwah. Pangeran Yehuwah iya banjur paring wangsulan marang panjenengane kanthi geni kang tumurun saka ing langit marang ing dhuwure misbyah kurban obaran mau.