27 Pangeran Yehuwah nuli dhawuh marang malaekat mau supaya mrangkakake pedhange.
28 Ing nalika iku uga Sang Prabu Dawud nyaosake kurban obaran ana ing kono, bareng mirsa, manawa Pangeran Yehuwah wus paring wangsulan marang panjenengane ana ing papan panutone Ornan wong Yebus mau.
29 Tarub suci yasane Nabi Musa ana ing pasamunan lan misbyah kurban obaran ing nalika iku ana ing tengger pangurbanan ing Gibeon.
30 Nanging Sang Prabu Dawud ora wani tindak mrana, sowan marang ing ngarsaning Allah nyuwun pitedahe amarga ajrih marang pedhange Malaekating Sang Yehuwah mau.