4 Ewasamono dhawuhing ratu iya kapeksa katindakake dening Sang Yoab; mulane Sang Yoab banjur tindak ndlajahi wewengkone Israel kabeh, nuli bali menyang ing Yerusalem.
5 Sang Yoab nuli ngaturake oleh-olehane cacah-jiwaning rakyat. Ing antarane wong Israel kabeh ana sayuta satus ewu kang bisa nyekel pedhang, lan wong Yehuda ana patang atus pitung puluh ewu kang bisa nyekel pedhang.
6 Anadene wong Lewi lan Benyamin ora kalebokake ing cacah jiwa, amarga dhawuhe Sang Prabu iku kaanggep nistha dening Sang Yoab.
7 Nanging prakara iki ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, mulane wong Israel banjur kagebag dening Gusti Allah.
8 Sang Prabu Dawud nuli munjuk marang Gusti Allah: “Kawula dosa sanget; jalaran kawula tumindak makaten punika; milanipun sapunika Paduka mugi karsaa nebihaken kalepataning abdi Paduka, amargi pratingkah kawula punika gemblung sanget.”
9 Nanging Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Gad, wonge sidik Sang Prabu Dawud:
10 “Sira mangkata, matura marang Dawud: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ingsun ngajengake telung prakara ana ing ngarepira; sira miliha salah siji, iku bakal Suntandukake marang sira.”