1 Sang Prabu Dawud banjur ngandika: “Ana ing kene iki padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lan ana ing kene iki misbyahe wong Israel kanggo saos kurban obaran.”
2 Sang Prabu Dawud dhawuh nglempakake para wong manca kang ana ing nagarane wong Israel lan banjur ngangkat tukang-tukang kang natani watu kanggo ngedegake padalemaning Allah
3 Karodene Sang Prabu Dawud nyawisake wesi akeh banget kanggo gawe paku kang kanggo gapura lan bakale angkur, uga tembaga akeh banget kang nganti ora kena tinimbang bobote,
4 sarta kayu eres kang cacahe ora kena ditung, amarga wong Sidon lan wong Tirus padha nggawa kayu eres akeh banget kagem Sang Prabu Dawud.