1 Babad 22:13-19 JAV

13 Sira bakal bisa nggayuh apa kang sira karepake, manawa sira kalawan setya nindakake katetepan-katetepan lan pranatan-pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Israel. Atinira disantosa lan ditatag, aja wedi lan aja giris.

14 Lah sanadyan ana ing sajroning kasusahan, ingsun wus nyawisake kanggo padalemaning Sang Yehuwah iku emas satus ewu talenta lan salaka sayuta talenta sarta tembaga lan wesi akeh banget, nganti bobote ora kena katimbang; ingsun uga wus nyawisake kayu lan watu. Nanging prayogane sira wuwuhana maneh.

15 Sarta maneh sira duwe tukang akeh banget, tukang natahi watu, tukang batu, tukang kayu lan para wong kang ahli ing bab pagawean warna-warna,

16 ing babagan emas, selaka, tembaga lan wesi kang cacahe ora kena kaetung, wiwita tumandang! Pangeran Yehuwah muga nganthia marang sira!”

17 Sang Prabu Dawud nuli paring dhawuh marang sakehe panggedhening Israel supaya padha mbiyantu Pangeran Suleman, kang putra, pangandikane:

18 “Rak Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kang nunggil kalawan sira kabeh lan kang wus paring kaslametan marang sira ana ing ngendi-endi. Lah Panjenengane wus ngulungake para wong kang manggon ing nagara kene marang ing tanganingsun, satemah nagara iki teluk ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan marang umate.

19 Mulane saiki, atinira lan nyawanira udinen supaya padha ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira padha miwitana anggonira yasa pasucening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, supaya pethi prajanjianing Sang Yehuwah lan prabot suci kagunganing Allah kena kagawa lumebu marang ing padaleman kang kaedegake kagem asmaning Sang Yehuwah.”