3 Karodene Sang Prabu Dawud nyawisake wesi akeh banget kanggo gawe paku kang kanggo gapura lan bakale angkur, uga tembaga akeh banget kang nganti ora kena tinimbang bobote,
4 sarta kayu eres kang cacahe ora kena ditung, amarga wong Sidon lan wong Tirus padha nggawa kayu eres akeh banget kagem Sang Prabu Dawud.
5 Amarga Sang Prabu Dawud nggalih: “Suleman, putraningsun, isih timur lan pengalamane kurang, mangka padaleman kang bakal kayasa kagem Pangeran Yehuwah iku gedhene kudu ngleluwihi, satemah banjur kondhang lan misuwur ana ing sakehing nagara, mulane ingsun becik cecawis!” Sang Prabu Dawud nuli cecawis akeh banget sadurunge seda.
6 Sawuse iku kang putra Pangeran Suleman banjur katimbalan lan kaparingan dhawuh piweling supaya yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gustu Allah Israel,
7 mangkene pangandikane marang Pangeran Suleman: “He putraningsun, ingsun piyambak kagungan karsa arep yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahingsun,
8 nanging nuli ana pangandikaning Pangeran Yehuwah marang ingsun mangkene: Sira wus ngwutahake getih akeh banget lan wus nglakoni perang gedhe. Mulane sira aja ngedegake padaleman kagem asmaningSun, amarga wus akeh getih kang sira wutahake ing lemah ana ing ngarsaningSun.
9 Lah sira bakal duwe anak lanang, kang bakal dadi wong kang pinaringan katentreman. Iku bakal Sunparingi katentreman, uwal saka ing sakehe mungsuhe ing sakubenge. Bakale jenenge Suleman; tentrem-rahayu lan santosa bakal Sunparingake marang Israel ing salawase madege.