1 Babad 22:7-13 JAV

7 mangkene pangandikane marang Pangeran Suleman: “He putraningsun, ingsun piyambak kagungan karsa arep yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahingsun,

8 nanging nuli ana pangandikaning Pangeran Yehuwah marang ingsun mangkene: Sira wus ngwutahake getih akeh banget lan wus nglakoni perang gedhe. Mulane sira aja ngedegake padaleman kagem asmaningSun, amarga wus akeh getih kang sira wutahake ing lemah ana ing ngarsaningSun.

9 Lah sira bakal duwe anak lanang, kang bakal dadi wong kang pinaringan katentreman. Iku bakal Sunparingi katentreman, uwal saka ing sakehe mungsuhe ing sakubenge. Bakale jenenge Suleman; tentrem-rahayu lan santosa bakal Sunparingake marang Israel ing salawase madege.

10 Iku kang bakal yasa padaleman kagem asmaningSun lan iya dheweke iku kang bakal dadi putraningSun, sarta Ingsun bakal jumeneng dadi Ramane; dhamparing karatone ing Israel bakal Sunkukuhake nganti ing salawas-lawase.

11 Mulane saiki, he putraningsun, Pangeran Yehuwah muga nganti marang sira, satemah sira kelakon bisa ngedegake padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kayadene kang wus kapangandikakake tumrap sira.

12 Mung bae, Pangeran Yehuwah muga maringi sira kalimpadan lan pangreten sarta karsa ngangkat sira dadi kang nyekel paprentahan ing Israel, supaya sira netepana angger-anggering Sang Yehuwah, Gusti Allahira.

13 Sira bakal bisa nggayuh apa kang sira karepake, manawa sira kalawan setya nindakake katetepan-katetepan lan pranatan-pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Israel. Atinira disantosa lan ditatag, aja wedi lan aja giris.