20 Para putrane Rama Uziel yaiku Mikha, sawijining lelurah, lan Yisia, putra kang angka loro.
21 Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi. Para putrane Rama Mahli yaiku Eleazar lan Kisy.
22 Bareng Rama Eleazar seda, ora tilar putra kakung, nanging mung putra putri; iki banjur padha digarwa dening para putrane Rama Kisy, sadhereke nak-sanak.
23 Para putrane Rama Musi yaiku Mahli, Eder lan Yeremot, gunggung telu.
24 Yaiku bani Lewi manut kulawangsane, para leluhure kulawangsane, nalika padha didaftar siji-siji cundhuk karo wilangane jenenge, urut-urutan, kang umur rong puluh taun munggah, iku kang kawajiban nindakake pagawean ing bab tata-pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.
25 Amarga Sang Prabu Dawud wus ngandika: “Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wus ngganjar kaslametan marang umate, sarta Panjenengane dedalem ana ing Yerusalem ing salawas-lawase.
26 Dadine wong Lewi wus ora usah ngusung padaleman suci maneh lan sakehing piranti kang kanggo nindakake pangibadah ana ing kono.”