29 Uga kawajiban nyawisake roti sesaosan lan glepung kang becik dhewe kanggo kurban dhaharan, roti tipis tanpa ragi, apa kang kapanggang ing piranti pamanggangan, apa kang kaubleg lan sakehe takeran lan ukuran.
30 Sabanjure iya kawajiban ngrepekake kidung panuwun lan pepujian kagem Pangeran Yehuwah ing saben esuk, sarta uga ing saben sore
31 apadene ing nalika ngunjukake sakehe kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, ing dina Sabat, ing sasi anyar lan ing dina gedhe, miturut cacahe kang cocog karo pranatan kang tumindak kanggo wong-wong mau, minangka kawajiban kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
32 Wong-wong mau uga kawajiban rumeksa marang Tarub Suci lan papan suci sarta mbiyantu para tedhake Rama Harun, yaiku para sadulure, ing bab anggone nindakake tata pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.”