4 -- “Wong iki kang patlikur ewu padha ngawat-ngawatana pagawean ing padalemaning Pangeran Yehuwah; kang nem ewu dadia tetindhih lan hakim;
5 kang patang ewu dadia jaga gapura; lan kang patang ewu gaweane memuji marang Pangeran Yehuwah kalawan migunakake piranthi-piranthi musik kang wus sunyasa kanggo ngrepekake kekidungan,” mangkono pangandikane Sang Prabu Dawud.
6 Wong mau uga padha kaperang-perang dening Sang Prabu Dawud dadi golongan-golongan manut para putrane Rama Lewi, yaiku Gerson, Kehat lan Merari.
7 Kang kagolong wong Gerson yaiku Ladan lan Simei.
8 Para putrane Rama Ladan yaiku Yehiel, sawijining lelurah, lan Zetam sarta Yoel, gunggung wong telu.
9 Para putrane Rama Simei yaiku Selomit, Haziel, lan Haran, gunggung wong telu; wong iki kang padha dadi leluhure kulawangsa Ladan.
10 Para putrane Rama Simei yaiku Yahat, Ziza, Yeusy lan Beria;iku para putrane Rama Simei, gunggunge papat.