1 Iki golongan-golongan tedhake Imam Harun. Para putrane Imam Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.
2 Nanging Imam Nadab lan Imam Abihu anggone tilar-donya luwih dhisik tinimbang kang rama lan ora tilar putra kakung, mulane kang kadunungan kalenggahan imam yaiku Eleazar lan Itamar.
3 Sang Prabu Dawud kabinyantu dening Imam Zadhok saka bani Eleazar lan Imam Akhimelekh saka bani Itamar, nggolong-nggolongake para wong manut kawajibane ing sajrone nindakake tata pangibadah.
4 Nuli kasumurupan, manawa ing antarane turune Imam Eleazar sesirahe golongan luwih akeh tinimbang ing antarane turune Imam Itamar, mulane pamerange mangkene: kanggo bani Eleazar lelurahing kulawangsane ana nembelas, nanging kanggo bani Itamar wolu.