31 Iku iya padha nguncalake undhi padha kaya para sadulure tunggal suku, tedhake Rama Harun, ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud, Imam Zadhok, Imam Akhimelekh lan ana ing ngarepe para lelurahing kulawangsa, para imam lan wong Lewi. Ing bab iki lelurahing kulawangsa iku padha karo sadulure kang cilik dhewe.